
Kidung Rumekso Ing Wengi
Ono kidung rumekso ing wengi,teguh hayu luputo ing loro,luputo bilahi
kabeh,jim setan datan purun,paneluhan tan ono wani,miwah penggawe
olo,gunaning wong luput,geni atemahan tirto,maling adoh tan ono ngarah
mring mami,guno duduk pan sirno,sakehing loro samiyo bali,sakehing ngomo
samiyo mirundo,welas asih pandulune,sakehing brojo luput,kadi kapuk
tinibaning wesi,sakehing wiso towo,sato galak tutut,kayu aeng lemah
sangar,songing landhak guwaning wong lemah miring,myang pakupoking
merak,pangupaking warak sakalir,nadyan arco myang sagoro asat,temahan
rahayu kabeh,apan sariro ayu,ingideran kang widodari,rinekso moloekat
lan sagung poro rasul,pinayungan ing Hyang Suksmo,ati Adam,uteku bagindo
Esis,pangucapku yo Musa,napasku nabi Ngisa linuwih,Yakub pamiyarsaning
wang,Dawud swarku mangke,Nabi Ibrohim nyawaku,Nabi Soleman kasekten
mami,Nabi Yusup rupeng wang,Edris ing rambutku,bagindo Ngali kuliting
wang,Abu Bakar getih,daging Ngumar singgih,balung bagindo
Ngusman,Sumsumingsun Fatimah linuwih,Siti Aminah bayuning anggo,Ayub ing
ususku mangke,Nabi Nuh ing jejantung,Nabi Yunus ing otot mami,netroku
yo Muhammad,panduluku Rosul,pinayungan Adam Kowo,sampun pepak sakatahe
poro nabi,dadiyo sariro tunggal.
0 komentar:
Posting Komentar